Budaya Ing Ndalem Pawiyatan Tumuju Budhi Pakarti Siswo
![]() |
SDN Blaru 2 Badas Kediri Jawa Timur. |
KEDIRI, LINTASDAERAHNEWS. COM - Ora kaperang piro cacahe poro mudo lan poro dewoso, tansah owel anggone mulak sarak tumprap sesrawung ing sabendinane. wiwit gegojekan, rembuk wicoro lan tindak tanduk. Biso hanggambarake kahanan swasono kang dadi purwaning prilaku lan subositone pawongan. Wondene iku yo biso paring atur kahananing ing ngendi zaman lagi kepragan. Pindo kaweruh kwi ono sing wus biso mlebu ing kawajarane kahanan, ugo ono kang kalebu kahanan kang mrihatini ati, nggegiris krono liring opo kang katon kasawang ora pantes dieluhake.
Tuladhane antarane bocah cilik karo wong kang luwih sepuh wis ora ono bedane, koyo wicarane pepindo konco sapantaran, ngoko, subositone asor, opo maneh tansah bentak lan kasar anggone laku, durung maneh marang wong tuwane dewe ono ing ndalem. Susute kahanan zaman iki ora biso owal soko pawiyatan ( pendidikan ) ing ndalem ugo ing pawiyatan sekolah. Umpamane godong tibo ora adoh teko wit e.
Hamulo kahanan kang prihatin kwi kudu biso di bongkar lan di balekake koyo ing kahanan biyene, umpamane koyo dene ing zaman poro leluhur olehe hanggulowentah putra-putrine kang sarwo mateng, hyo unggah ungguhe, sopan santune marang liyan, budoyo kaweruhe, prasajane watek kang kabentuk, wis ora owal teko tuntunane Budhi Pakarti.
![]() |
Guru dan Pendamping SDN Blaru 2 Badas Kediri. |
Mulo ono ing kene, ing pawiyatan dasar, kususe SDN Blaru 2 Badas Kediri, kang di pandegani dening ibu Sukarmi Spd, kadukung dene bpk ibu guru wali kelas, lan Umume ing Jawa timur, mulai dicanangke budoyo bali ing zaman kaleluhur, kususe Jawi, poro siswo diaturi kerso ngagem boso jawi ing sakjroning pawiyatan, marang konco, wong kang luwih tuwo (tiang sepuh kekalih), opo maneh tumprab bapak ibu gurune. Ugo bali ngagem busanane kang dadi ajine rogo, mulo ono dino tamtu kang di keparengake kudu mawi budayane busono Jawi kang katon sarimbitan.
Tujuane kareben bocah di pakulinaake nderek njunjung duwur budayane dewe kang wus alon-alon mulai kagerus dening zaman milenial Iki. Keno cerdas eksake/saine, cerdas sosiale ning hyo kudu cerdas Budhi Pakartine, mugo mugo kahanan zaman iki ora dadi jalarane merosot nilai nilai keluhuran budine.
Kaserat dening : Setodhisastra
Posting Komentar