24 C
id
  • Redaksi
  • Tentang Kami
  • Kontak Kami
  • Siber
Lintas Daerah News
Buy template blogger

Mega Menu

  • Hot News
  • Daerah
    • All
    • Jawa Timur
    • Jawa Tengah
    • Jawa Barat
    • Jakarta
  • Nasional
    • Nasional
  • Advetorial
  • LDN TV
  • Berita
    • Hukrim
    • Peristiwa
    • TNI
    • Polri
    • Pemerintahan
    • Seni Budaya
    • Pendidikan
Lintas Daerah News
Telusuri
Beranda budaya Ilmu Kaweroh Jawa Sejarah Titis Ngaweruhi Titis Ngaweruhi Weruh Sakdurunge Winarah
budaya Ilmu Kaweroh Jawa Sejarah Titis Ngaweruhi

Titis Ngaweruhi Weruh Sakdurunge Winarah

Lintas Daerah News
Lintas Daerah News
08 Nov, 2022 0 0
Facebook
Twitter
Telegram
WhatsApp
Gambar Ilustrasi. 


LINTASDAERAHNEWS.COM - Poro muda kang ngrekso silatune Sukmo..poro trahing sutrisno budoyo kang mawardi wardawaning budoyo luhur. Wus kaperangan obahing awak hanjalari mubahing doyo pakarti lan budi. Tamtu tansah sawiji karo lakune kagesangan ing sabendinone. Hyo ono kang isih iso di eling eling utowo lali babar pisan. 


Kadang kadang kahanan lali iku mau iso tumeko eling sakwanci-wanci. Koyo dene tamu nang pomahan, teko lungo koyo semut wayah mangupo jiwo. Sing dilakoni manungso nurut fitrahe semono ugo, tansah manut angen-angene, ciptone, akale, lan pepinginane. Yen ora biso kasembadan saiki yo sesuk, mene, mben lan sak piturute. Dene sing wis kelakon, karuan dadi cipto dadi ing samubarange gladen urip. Najan kwi ono kang sifate nestopo lan seneng mambagyo ati. 


"Krono kahanan ing duwur kwi, ono ing salah sawijine roso angen, sing sifate tansah kudu weruh, hyo kudu weruh kahanan mengarep, lan kahanan ing mburi. Naging ora biso ucul teko kahanan saiki. iki poro kadang kinasih budoyo kang kudu di mangerteni sakdurunge, anggone ngati-ati midaki winarah. Amargo kawuruh iki iso dadi pokal gawe nyasarke awake dewe yen ucul teko kendali ingsun ing sakjroni sifat papat anasir, sing wus di ndweni mring kito kabeh, yoiku sedulur papat lan kalimo pancere dewe.


Mulo sepisan maneh kudu ati-ati carane pahami, mergo kaweruh weruh sakdurunge winarah iki, ora biso dingelmuni kanti laku. Koyoto laku montro, poso utowo topo. Kabeh ora biso dipiranteni kwi, Ning hnamung biso diwujutake karo roso lan angen-angen den eling mobahing tumindak bendinane. Enggo ngudi pemahaman " ngrekso cipto dadi ciptoning sun ngaweruhi kitab gumelaring jagad ( louhful Mahfud ) dewe".


Dene opo sing bakal dikaweruhi iku pancen nyejo dununging badan sifat lan badan roso, nuli mujutake tumindak tumindak Nyoto. Tuladhane kahanan wektune, kahanan kedadiane, kahanan papane, kahanan owah gingsire lan sakpiturute. Sepisan maneh poro kadang budoyo, kahanan iki kudu di ngerteni nganggo pemahaman kang alus nyisire roso. Amargo ora biso dipakemke nganggo montro lan samadi, mung biso nganggo roso titen.


Kadang budoyo, kahanan wektune kedadian kauripan iku ono 3 (telu) kahanan yoiku : 

Kahanan Saiki

Kahanan wingi lan

Kahanan Mbesoke 

Kuwi nggandeng renteng koyo dene napas, Ono tanapas napas anfas nupus, yoiku iruping napas, megenge napas lan embusing napas. Kahanan wingi iku tibo iruping, saiki tibo tanapas, mbesok tibo embusing napas. Semono ugo kedadean kahanan...sedino wingi, sawulan wingi utowo setahun sakpiturute mangguri, kwi mung biso dieling-eling, dene sing lali iso temu bejo bali eling karepe dewe njluntrung ono ing pikiran lan budine. Koyo dene wong ing sakjroning kahanan ngimpi.


Opo sing dialami biso dititeni lan di simpen. Ananing kedadian kwi biso ugo dialamai bolabali. Krono sebab musabab sing koyo opo kedadian kwi biso kawujut. Umpamane, ing saben tahune wingi-wingi ( 1-10 tahun kepungkur) waton tibo wulan Oktober udane miwiti tumeko, mengko 3 wulan teruse sansoyo kerep utowo deres. Lha kwi dadi kahanan titen kanggo mongso wiwitane udan. Kahananing tahun Saiki kok semono ugo podo, dene tahun ngarepe kok hyo podo dene. 


Milo kahanan iku mau mlebu ing mijile  titenan ing mongso dosowarso kepungkur, tahun mongso saiki lan podo ing mongso tahun ngarepe maneh. Umpomo telung kahanan mongso iku mau karingkes ing sakjroning sak mongso udan pinesti, mulo biso digawe irah irahan kahanan kang pinesti ogo, najano iso ugo kolo-kolo bedo. Ning kwi mau wis biso dadi kapercayane mongso titen sing biso dienggo ngelmuni winarahe.


"Kahanan Saiki ora bedo coro gawe narik cempakane titen, kalebu lwih gegampang anggone nyimpen lan nyatet nang angen-angen sanubari lan pikiran. Sukur kwi kabeh sing dadi kahanan saiki, dadi pancere kedadian sing bakal liwat mlebu ing kahanan wingi, banjur liwat ing wingine maneh. Tuladhane Saiki niro kabeh angger dino senin budal tetandur, seloso mbawon ing among tani liyan lan jumat budal jumatan utowo saben budal misa Minggu. Dino iku mau koyo dene wis dadi pakeme Pokal gawe, mbok yo'o dijopo mantrani utowo diselaki ora bakal owah yen jumatan arepe ngalih Nang dino minggu, misal minggu ora bakal ngalih nang dino jumat, langgeng maneh jedule nur suryo ora bakal malik sangkan teko kulon.


Nah iki kahanan pinesti ono ing saiki, liwat sedino wis dadi dino wingi. Ning kahanane kedadian sing ono ora rubah lan uwah gingsir. Mlakune dino dadi wulan dadi tahun dadi zaman, kahanan pinestine kwi biso dadi titenan lan diserat dadi pakem kahanan ing sakteruse wayah. Koyo dene tibane dino titen sing diwastani pon wage kliwon legi pahing.


Lan sak banjure kepakem karo kedadian wateke manungso lelahir lan nggowo sifat ing jumbuhing tibo gede, ugo dewasane mengko. Arep sejo opo wae tansah biso kawoco soko titen mubahing banyu rai. Dene dino besuke koyo dene pangilon wingi diadepake ing pangilon dino ngarepe, disawang ing wayah saiki ugo, milo sing katon hyo ayang-ayange dewe, bakal katon malipet-lipet tanpo wewates cacahe ugo kahanane. Malik biso nginceng ing kahanan ngarepe, smono ugo ayang-ayang kang tanpo wates, mlebu wayah lan kahanane sing Ono. Kwi marang leluhure dewe biyen biso diwisesoni digulung nganggo roso guno ngaweruhi utowo nginceng kahanan kadadean kang bakal dadi kasunyatan.



 Termasuk ubahing isine alam semesta Iki, ono mubahin angin umbak, mubahing bumi, mubahing gunung lan sakpiturute, mulo ananing alam semesta iki biso dijongko kahanan sak zamane. Ojo maneh kwi, poro leluhur nganti tekan siro ingsun, krono spirituale siro ingsun bakal iso nginceng besok kapan lan kahanane kundur bali myang Gustine. Opo maneh dugi ono ing sangkan paraning dumadine, katiten nganggo roso ing sakjroning roso, rosone ingsun, henggo maseso " tankeno kinoyo ngopo".

"Mekaten kadang budoyo kinasih, supados mawi roso lan pemahaman kang alus winarah punika biso di kaweruhi.

"Rahayu"

Kaserat : Setodhisastra

Via budaya
Facebook
Twitter
Telegram
WhatsApp
Postingan Lama
Postingan Lebih Baru

Anda mungkin menyukai postingan ini

Posting Komentar

Ads Single Post 4

Stay Conneted

14,629 FansLike
1,381FollowersFollow
10,126SubscribersSubscribe

Berita Terbaru

Ketua PWI Kediri Raya Tegaskan Oknum Wartawan yang Viral di SMKN 1 Bukan Anggotanya

Lintas Daerah News- 20.46 0
Ketua PWI Kediri Raya Tegaskan Oknum Wartawan yang Viral di SMKN 1 Bukan Anggotanya
Ketua Persatuan Wartawan Indonesia (PWI) Kediri Raya, Bambang Iswahyoedhi. Foto : Istimewa. KEDIRI,LINTASDAERAHNEWS.COM - Ketua Persatuan Wartawan Indonesia (P…

Umroh dan Haji Multazam Al Hadi Tour & Travel Pare Kediri

Umroh dan Haji Multazam Al Hadi Tour & Travel Pare Kediri

Populer Minggu Ini

Pimpin Upacara Peringatan Hari Lahir Pancasila, Anggota TNI Ajak Siswa SMK Pemuda Papar Lebih Giat Belajar

Pimpin Upacara Peringatan Hari Lahir Pancasila, Anggota TNI Ajak Siswa SMK Pemuda Papar Lebih Giat Belajar

13.01
Danramil Bersama Forkopimcam Puncu Gelar Upacara Peringati Hari Lahir Pancasila

Danramil Bersama Forkopimcam Puncu Gelar Upacara Peringati Hari Lahir Pancasila

12.40
Warga Dusun Wedar Sembelih 5 Ekor Kambing di Hari Raya Idul Adha 1446 H

Warga Dusun Wedar Sembelih 5 Ekor Kambing di Hari Raya Idul Adha 1446 H

19.20

Recent Comments

Populer Minggu ini

Pimpin Upacara Peringatan Hari Lahir Pancasila, Anggota TNI Ajak Siswa SMK Pemuda Papar Lebih Giat Belajar

Pimpin Upacara Peringatan Hari Lahir Pancasila, Anggota TNI Ajak Siswa SMK Pemuda Papar Lebih Giat Belajar

13.01
Danramil Bersama Forkopimcam Puncu Gelar Upacara Peringati Hari Lahir Pancasila

Danramil Bersama Forkopimcam Puncu Gelar Upacara Peringati Hari Lahir Pancasila

12.40
Warga Dusun Wedar Sembelih 5 Ekor Kambing di Hari Raya Idul Adha 1446 H

Warga Dusun Wedar Sembelih 5 Ekor Kambing di Hari Raya Idul Adha 1446 H

19.20

Berita Hot

Dua Warga, Kediri Dan Magetan Akan Menempuh Jalur Pengadilan Dan Menuntut Indosat

Dua Warga, Kediri Dan Magetan Akan Menempuh Jalur Pengadilan Dan Menuntut Indosat

22.46
Indahnya Kebersama ,Kodim 0809 Kediri Bersama Gudang Garam Merevitalisasi Sarana Air Bersih Di Kawasan Lereng Gunung Kelud

Indahnya Kebersama ,Kodim 0809 Kediri Bersama Gudang Garam Merevitalisasi Sarana Air Bersih Di Kawasan Lereng Gunung Kelud

05.36
Peduli Terhadap Sesama, Anggota Koramil 0809/21 Puncu Ikut Donor Darah

Peduli Terhadap Sesama, Anggota Koramil 0809/21 Puncu Ikut Donor Darah

23.22
Lintas Daerah News

Tentang Kami

Lintas Daerah News adalah media online yang didirikan di Kediri Jawa Timur Fokus untuk menyajikan sebuah informasi seputar kabar desa, kabar sejarah, kabar budaya, kabar peristiwa, hukum, politik, kriminal, pemerintahan ,relegius dan kabar nusantara di bawah naungan PT. LINTAS DAERAH GROUP dan menjadi wadah media informasi untuk Kebutuhan masyarakat. Cerdas, Demokratis, dan Inovatif.

Contact us: lintasdaerahnews@gmail.com

Follow Us

@2023 Lintas Daerah News.com | Team IT : Mbah Yo
  • Redaksi
  • Tentang
  • Kontak
  • Siber
  • Index